13 November 2009

Senggane Aku Dadi Bupati Brebes

Oleh : M. Husni Iskandar. Putra Brebes, asal Klampok. Manajer Konsultas Pajak di Jakarta.

Dibandingna karo daerah kabupaten liya, Brebes sing posisine sebagai daerah transisi antara Jawa Tengah karo Jawa Barat kiprah lan gebyare ora tau krungu ning pentas nasional. LHA KIYE KEPRIBEN.

Dibandingna karo tanggane TEGAL karo CERBON, Brebes kuwe keseseg…..
Pancen kudu diakui dari segi keramaian dan kerapian sepanjang pengalamane nyong liwat ning kota-kota kabupaten se pulau Jawa kuwe langka sing sepine pada bae karo Brebes.Kabeh pada rame lan Asri. LHA Brebes ramene ning Runtah thok, KEPRIBEN KIYE, dalane sedawane Losari Kaliganggsa akeh bergejal-bergejule maning…
PRIBEN PAK BUPATI????...

Ramene kota kuwe ciri khas makmure rakyate, angger di deleng jam 8 bengi be wis nyamut-nyamut, ning perasaan menunjukan kayong rakyate laka gairah...
Brebes kota sa cleretan sing ora bisa dikenang karo wong-wong sing pada liwat, padahal sedina-dina wong sing pating sliwer ning njerone bis, lan kendaraan liyane kuwe pirang ewu bae. Tapi durung bisa mudunna kabeh mau kuwe pada mudun belanja,..
Ya ari Ndog Asin karo Bawang tah pancen ana kuwe, be ramene dong bada tok…

Brebes kuwe daerah nomor loro luase se propinsi Jawa Tengah lubare Kabupaten Cilacap. Potensi sing ana sebenere luar biasa. Masyarakate gelem glopot gupak ning sawah ngolah Bawang ,Pari, Mengkreng lan liya sebagaine, kiye menunjukan etos kerja masyarakat Brebes kuwe luarrrr biasa.
Kawasan Geografise juga sebenere apik lan bisa dipotensialkan nggo Peningkatan Pendapatan Asli Daerah. Ana Gunung-nge, Ana Waduk-ke, Ana Laut-te, Ana Alas-se…Kurang Apa Coba…

Tapi aku ari ndeleng sing arane Pantai Randusanga, Ngenessss, Ngenesss Nemen…
Lha iya bisa-bisane para pedagang ora ditertibna eben para pedagang kuwe dagangane pada memburi aja ning pas lambene laut, lha para turis pan ndeleng apa kealing-alingan wong dagang tok,…Malah Runtahe tok pada pating blakrak…
PRIBEN PAK BUPATI????? Siji-sijine potensi Alam Laut sing dadi andalan malah ora enak dideleng.

Daya beli masyarakat Brebes kuwe rata-rata rendah, priben rasane eben bisa di dongkrak. Ari ndeleng pasar swalayan Dedy Jaya Plasa ya sepi-sepi bae, kiye menunjukan bahwa masyarakat brebes ora duwe duwit nggo belanja.

Menurute Nyong Pemda kuwe kudune bisa nggawe aturan / regulasi eben masyarakat asli brebes bisa terlibat langsung terhadap produktivitas sing bisa di konsumsi.
Contoh apa salahe Pemda kuwe melobi baik para investor luar Brebes maupun Investor Brebes dewek nggo menanamkan modal ning Kabupaten Brebes.
Bawang kuwe langka enteke dieksploitasi. Sementara kiye Pendapatan sing Pasar Bawang Klampok apa signifikan????

Brebes Sentra Bawang Merah se Indonesia kudune bisa nggawe Pendapatan Perkapita Rakyate kuwe mundak...lewat mekanisme Industri bukan sekedar perdagangan biasa....
Apa ora bisa digawe pabrik gedean ning Brebes misale pabrik pengolahan Bawang sing menyerap akeh tenaga kerja asli wong Brebes???

Pemda Brebes juga bisa kerjasama misale karo IPB (Institut Pertanian Bogor) eben bisa ngembangna Bawang Merah kuwe lebih berkuwalitas maning lan bisa ekspor secara industri.
Terus Masalah Ndog Asin juga kudu bisa digawe industri sing gedean, luruh bawe para investor Jakarta atawa investor kota-kota gede liyane eben gelem ngembangna industri ndog asinne Brebes,...
Durung potensi iwak laute sedawane laut Losari ngetan, kuwe eben dikembangna dadi industri perikanan kepriben,
Durung maning kebon teh lan alas daerah kidulan lha kuwe kan potensi gedhe nggo pendapatan perkapita masyarakat Brebes.

Setunggal malih, Masyarakat Brebes kuwe pada karo Masyarakat Indonesia liyane, seneng nonton Bal-balan. Karang Birahine nyanding ka yah, PERSAB kudu dadi asset sing bisa mbungahna atine rakyat Brebes,..Goletna investor Pak Bupati,..ari APBD pancen ora bisa nalangi,..luruhna pelatih sing sip, gawe pembinaan sing apik eben minimal bisa mlebu divisi siji.

Pak Bupati, mungkin kiye juga aspirasi rakyat Brebes kabeh, priben carane eben brebes duwe Universitas sing terakreditasi sing bisa mencetak tenaga-tenaga profesional dan terdidik asli Brebes,..
Akeh bocah-bocah Brebes sing pada pinter-pinter pada dadi wong tapi ujung-ujunge ora pada balik nggo mbangun daerahe dewek.
PRIBEN – PRIBEN....

Muga – muga Pak Bupati gelem nrimo uneg-uneg kiye, kumpulna wong – wong pinter asli brebes sing pada dadi Profesor, Doktor, Petinggi TNI, Politikus, Seniman dan lain-lain coba dikumpulna priben carane nggo MBANGUN BREBES. Matur Nuwun......

10 Comments:

Blogger Slamet Heru Susanto said...

Intine, pemikirane inyong karo panjenengan ya pada, soale inyonge gen termasuk masyarakat mbrebes sing kena dampake, masa mbrebes jarene akeh hasil bumine tapi masyarakate akeh sih hijrah ning jakarta. Sing disalahna sapa...? ya PEMDA ne (BUPATI) sing ora bisa nunjukna ide2 kreatif kanggo kesejahteraan masyarakate. malah tambah mene tambah taun akeh wong brebes sing ngadu nasib maring negara tetangga sing nasibe kadang taruhane ya nyawa...bener belih ...!!!

8 December 2009 at 14:39:00 GMT+7  
Anonymous fat said...

iya....brebes kuwe serba tanggung, ari gawe acra yo ra bakal rame, masyarakate lewih seneng ramekna tegal karo cerbon.....
apa maning wong bumiayu, jarang meng brebes...meng brebes pun ari ana keperluan administrasi kependudukan kayak gawe SIm lan liyaliyane....
males nang brebes ta....adoh...mending maring purwokerto sing lewih perek

12 December 2009 at 19:58:00 GMT+7  
Anonymous Jon said...

ari jare enyong, kudune kabeh melu gawe brebes rame. ari mung ngandelna bupati mbuh pejabat pemda jare entong ora bisa. misale iyong sing saltri ya kudu adol potensi slatri. misale semangka sing gemiyen pernah sukses rame lemahe cocok.
wong nong sing pengusaha kudu balik kampung go gawe lapangan kerja sing apik, syukur2 bisa gawe komoditi sing bisa ekspor. jarene FTA alaias dagang bebas asean cina wis mulai.
tapi iyong ora pesimis, pokoke mlaku...

28 December 2009 at 12:21:00 GMT+7  
Blogger Taruna said...

ya, memang katon miris. apa sing kurang sing brebes? pertanian, laut, perkebunan lan liyane cukup potensial. tempate ya strategis nggo model dodol antar kota, pisan wayahe bada, pasti kuwe panen rejeki.

nah, sing dadi kurange kuwe mental lan manajemen-e. Bupatine sing dadi pemimpin kudune ngerti potensi daerah kekuasaan-e, di-menej endi sing dadi produk unggulan di promo lan liyane terus dikembangena. bupati dibantu kroni2ne lan masyarakate melu kerja sing positif, tp yen durung apa2 bupatine malah "indikasine" korup, pime masyarakate pan jalan?

Brebes, kayong perlu pemimpin baru

30 December 2009 at 15:31:00 GMT+7  
Blogger Fathur said...

Aku wis Gregetan karo Brebes, termasuk wong wonge pada kecingan,,,dadi Brebes ora maju maju,,awit sing gemiyen Bupati Brebes langka sing peta nata Brebes lan sumber dayane,,aku njaluke Bupati sing pan teka Mas Budjo, Wakile Maul Bae...pasti beres sung..!

5 March 2010 at 08:28:00 GMT+7  
Anonymous imam wachidin said...

salam kenal mas lan salam sejahtera,kira kira nich,lihat blog ku nya mas yang masih porak poranda,

18 April 2010 at 15:55:00 GMT+7  
Blogger Agus Bagus Sofyudin Ahmad said...

ngaJanganti ah wong PAJAk dadi bupati Brebes ... masih Trauma mbe citra Buruk dan otak TIKUsnya orang2 pajak katone seka njaba ta apik jerone luwih parah ketimbang pemulung sampaHHHH ... ente orang2 pajak pada bebenah diri aja dulu BUKtikan ne kowen2 wong PAJAK pada bener rak usah nimbulna PENYAkit nang panggonan LIya nggawe KIYAMAt indonesia BAE khususnya Brebes ...!!! (sory lagi jengkel nemen karo wong PAJAK BUSUK)

6 May 2010 at 06:31:00 GMT+7  
Anonymous moch taviv said...

Brebes terkenal Bawang Cabe dan Ndog Asine, ayo konco podo mbangun deso bareng bareng ! Ra usah dadi Bupati yo iso. Mari mulai dari diri sendiri !!

7 July 2010 at 19:40:00 GMT+7  
Anonymous Hasyim Adnan said...

Assalamualaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh...

kye enyonge pan melu komentar ya kang kaji kang kaji....
-------------------------------------------------------

1. Sing salugune kye akeh wong brebes sing pan menuju kabeh penjelasane kang Husni, tp ya kue pan primen maning. Jare andalane wong Keboledan kye BOCAH CILIK NGERTI APA SIH...
2. Yen pan njalan na ide kue kayong susah nemen. contohe primen carane ngendali kena import bawang. kan angel nemen kue, dadi sing sugih ya makin sugih, sing petani cilikan ya olihe mung matur nuwun sangat.
3. WONG BREBES kye kudu ana organisasi atawa komunitase nggo tukar pikir ben primen cara ne ekonomi lan usahane wong brebes kue ora mung monoton...


Wis kye mung komentare enyong tok wong Keboledan. mbokan pan silaturahim ya hubungi bae enyong ya : 0899-5098-309

Wassalamualaikum Warohmatullohi Wabarokaatuh...

6 October 2012 at 13:34:00 GMT+7  
Blogger malfis jaya graffiti said...

maaf ya sedulur,nyong ya dudu wong brebes, tp nyong iri ndeleng kota liane duwe produk unggulan sing d banggakan, karena nyong pengen ngenalnya produk kota brebes,dudu neng bawang karo endog tok, nyong tergugah saiki wes produksi kaos khas brebesan, Sing tak arani Nyong T-shirt, alhamdulillah respon masyarakat positif, malah mereka ora nyana yen brebes duwe produk unggulan d bidang sandang, prinsipe nyong action ga perlu basa basi,, mudah2an generasi penerus bisa memajukan kota brebes di bidang yang lainnya...amiiin

17 July 2014 at 22:37:00 GMT+7  

Post a Comment

Subscribe to Post Comments [Atom]

<< Home