10 July 2007

Moci Bareng Online



Salam sukses nggo sekabehane ...

Mengingat perlune kenalan sing interaktif sesama wong Brebes, sing bisa didenggo juga kanggo diskusi bareng2, akhir-e digawekena menu khusus kiye, sing arane "Moci Bareng Online" kanggo sedulur kabeh .. ya nggo kangen2an, diskusi serius, atawa liyane .. sing penting ora nyinggung masalah SARA :) alias Suku, Agama, Ras lan Antargolongan.

Carane nganggo menu kiye, yaiku nge-klik wae menu kiye : "tanggapan" sing ana ning ngisor iki, terus langsung bae tulis sing pan pengen ditulis .. sawise kuwe, ngisi identitas sing ngirim, sing duwe blog ya isi bae identitas-e, sing ora duwe blog, ya bisa milih "lainnya" atau "anonymous" sing penting, pas ngirim ana jelas arane.

Dianjurena, tulisan pertama ning kene kiye berupa perkenalan dhewek ndisit ... misale arane, terus nesih sekolah apa wis kerja? sekolah atau kerjane ning endi, terus saikine tinggal ning endi .. syukur2 sing lengkap, endah bisa luwih kenal ...

Mudah2an ana gunane ... matursuwun


Selengkapnya ...